Senin, 16 Juni 2014

Vacation Destination

Yah rek assalamualaikum.....aku wes prei rek saiki wkwkwwk :3,nah kon kon sing durung prei mesti lak sek bingung ngurusi rapot a yo sampek gak iso nentukno panggen sing ate mbok dadekno destinasi tangkringan.... nah iki aku duwe panggen panggen sing  yoooo lumayan lahhhh,



1.Indomart mburine al falah
Lahhh ndek kene iki pwenak coy,opo maneh lek bengi bengi.... luwe garek tuku dek alfamart,ngelak garek tuku...nah plus dek kono iku onok kursi+ mejo...puoh kurang jos yakpo cobak

2.sego Lengko UB
Letak e iki ndek jero ub....kon kan bari melbu ub,terus lurussssssss ae sampek nemu gor pertamina,lah lek wes dek kono takon o wong "mas jomblo ya"...eh mksd ku "mas nasi lengko dimana ya"...pasti wong kono ngerti kok

3.Seventina ngarep BSS
Dek kene iki sing garai enak iku yo panggen e ruesik...dadi selera makan nambah

4.Capcin sebelahe GO jalan bandung
ndek kene iku lumayan enak gaes...soale iyup...akeh wit e dadi adem..tambah adem maneh lek tuku capcin,ndek kene kadang kadang iso mesisan modus (?)

5.Al falah jalan bandung
wes ndek kene iku panggen favorit ku gaes...soale akeh wong dodolan+cidek masjid....gak cidek maneh seh..ancen masjid kok -__-,ndek kene iki kadang kadang ketemu konco" alumni dadi yo enakl ae,ndek kene pisan aku ngenteni mbot di jemput -__-

6.Sego petek ndek Mts
saiki wes jarang aku merene tapi sek iling ae aku rasane...enak kok panganan e... sambel e pisan...dan sing dodolan iso di akali wkwkwkwk aku gak tau ngakali tapi -__- + saiki kantine anyar nah tapi aku yo durung roh pak.komes mbalik tah gak -_-

7.tahu telor jalan pekalongan
aku roh panggen iki semenjak di duduhi gembol buiyen npas kelas 9,enak bos sumve...akeh pisan,murah pisan...terakhir sak porsi mek 6.500 ,iku ombene gratis pisan...puoh wenak jan

8.Bakso larang ngarep e BA Restu
aku gak roh jenenge bakso opo iki ....tapi larang yowes jenenge bakso larang -__-,tapi regone sesuai kok,ancen wenak rasane ,opo maneh sing jerone onok daging e hmmmmmm,nah pingin mangan murah a rek dek kene...bagi sing dusone sek sitik silakan cobak .pertama ambil pentol 5 tah 6 ,baringono tutupono mie sing wakehhhhh ambek sayur e pisan wakehhhh,nah setelah itu jupuk o pentol 4 :3 ,nah kekno nang tukang bakso ne...tadaaa 10 biji pentol mek 6 ewu wkwkwkwkwkwwk ,Pandiga ambek mbot tau iki wkwk ,aku gak tau rek suwer.... B)

9.Ling Ling fruitbar jalan kawi ngarep e jayen
Panggen iki iku dodolan es buah ker...tapi ambek sing dodolan di ganti dadi "fruitsoup" ,dadi es buah sing regone mek 4 ewu lek ganti jeneng fruitsoup dadi 10ewu -__-,aku baringene berencana ate gawe usaha pecel.....eh guduk pecel seh lek pecel lak mek 4 ewu a....lek iki aku dodolan Vegetable with Peanut sauce atau lebih dikenal dengan pecel.... lek pecel 4ewu...lek Vegetable with Peanut sauce 20k...yakpo beh...dadi wong sukses baringene aku B)

10.Pulosari fried chicken
panggen e dek jalan pulosari sebelahe dalan(yo jelas) dek kene iku semacam lalapan ker...masio jeneng e mbois tapi regane merakyat kok....pitike gede porsine akeh....enak wes pokoke.dek kene iku paket paketan ker cek luweh murah...lek aku biasane paket 3 lek gak salah..iku oleh petek+sego+saos+piring+kobokan+lalapan+sambel+ombe beuhh wakeh kan,iku mek 17 ewu lek gak salah

11.Ayam Goreng kalasan dek pulosari sebelahe mushola
nok kene iki ker puohhhhh wenak pol pitik e basio gak segede plus segone gak seakeh PFC tapi beuhh wenak polllllll,gwurih lop

12.Baegopa
Iki panggen e dek sekitar burine Togamas ndek kene panggen e resik enak,furniture e yo unik ngonolah...cocok gawe arek arek enom....aku biyen mangan opo seh jenenge cordon blue opo bleu yo -__- yo iku semacam kroket tapi uwenak....aku lali regane ,sing tak iling chicken bili bili iku petek di goreng a yo -_-? dikek i keju wakehhhh.... regane iku 29k .... untung pas merene ambek ibuk ku wkwkwkwk :p

13.Nasi Padang ndek dinoyo ngarep e atlantik
Pertama aku merene iku kapan yo dino selasa barine aku mari ukk,ndek kene iku panggene kemproh asli -___- tapi gaessssss,jarang" ono panggen masakan padang sing segone sayure kuahe jupuk sak karep,tapi bayare podo -__- ,iki manajemen keuangan e puinter men yo -__-,dadi semacam prasmanan ngonolah...gowo o duek 20k iku wes mangan sak ombene...iku sek susuk....tergantung lauk mu

14.Depot ikana dek galunggun cidek e dealer yamaha
dek kene iku yo porsine jan wauauauauaauauuaaaakehhh pol,dan enak...cocok gawe nraktir konco"mu ,sego goreng paling murah dek kene iku 15ewu..iku sak porsi iso gawe wong 4 tanduk ping 2 -__-,temenan bos wakeh -__-,kapan iku aku merene pertama kali gak ngerti ambek keluarga...per orang pesen siji siji.... bareng wes teko...masyaAllah -______- wukagehhhhh pol,bingung carane ngentekno -_-

15.Sego bhuk cidek e malibu
Panggen e iku semacam grobak cili gaes,tapi behhh uwenak temenan aaaa,basio larang -___-,1 porsi harganya 13k ,enak gaes sumpeh...tapi sayange bukak e mek isuk isuk tok...

16.STMJ pak sentot dek bareng etan eh kulon eh lor eh...mboh lali aku -_-
ndek kene iku masio panngen e gak menjanjikan... ngono tapi pwenak digawe nongkrong" ...STMJ e enak nemen opo maneh lek bareng konco konco...muleh futsal awak kesel kabeh...segarkan dengan stmj pak sentot...masio jeneng e ambigu ngono :v

Oke gaes segitu dulu tempat rekomen dari saya,basio gembel" sing penting enak :p...mangan larang mangan murah tujuane podo" cek wareg salam mangan.wasslamualikum



Tidak ada komentar:

Posting Komentar